Jawaban:
Endahing Alam Desaku
Sawah subur katon ijo royo-royo Pategalan palawija agawe mlongo
Gunung-gunung gagah ngedhangkrang Resik kaline, bening banyune, dhemen sing nyawang Tinambahan swarane manuk ngoceh
Kumericike banyu kena dienggo keceh
Kabeh mau njalari
Sengsem lan tentreme ati Endahing alam desa sajrone negri
Penjelasan:
Semoga membantu
Penjelasan:
Geguritan
Desaku
Dening: R. K. A. Rozzaq W.
Angin sumliyut silir
Tetanduran padha jejogedan
Kadang tani padha tandang gawe
Bocah-bocah padha dolanan
Ana ing lapangan
Ngundha layangan
Kali bening kang akeh iwake
Lelumban gegojegan
Para tani ngedusi kebone
Lan ngumbah pacule
Ana ing kono
Bocah-bocah uga lelumban
Wadhuh senenge...
Nanging kuwi mung critane simbah
Saiki wis ora ana
Amarga wis ngadeg pabrik
Kali bening wis kanggo limbah
Ayo para mudha piye bisane
Desaku bisa asri
Kaya dhek wingi uni
[answer.2.content]